Elige una pista para reproducir

Katresnanku, duh, Wong Bagus
Sira, Kangmas, jejantung atiku
Nganti kapan nggonku nandhang branta?
Merga sira tansah cidra
Wanci ndalu tansah nunggu
Kelisikan, ora bisa turu
Gawang-gawang ing netraku, Sayang
Aku amung bisa nyawang
Duh, pepujanku
Yen sinawang tansah katon semu
Wus lawas
Anggonku nunggu tanpa jemu
Senadyan wus sewindu
Tan taluh anji sranti
Amrih apti numusi
Panyuwunku mring Gusti, Sayang
Sigra wangsula ning aku
(Aja sira turu sore, Kaki)
(Ana Dewa ngangklang jagat)
(Nyangking bokor kencanane)
(Wong melek, sabar narima)
Duh, pepujanku
Yen sinawang tansah katon semu
Wus lawas
Anggonku nunggu tanpa jemu
Senadyan wus sewindu
Tan taluh anji sranti
Amrih apti numusi
Panyuwunku mring Gusti, Sayang
Tan taluh anji sranti
Amrih apti numusi
Panyuwunku mring Gusti, Sayang
Sigra wangsula ning aku