Elige una pista para reproducir
Jenang gula, kowe aja lali
Marang aku iki ta, Kangmas
Nalikane nandhang susah
Sapa sing ngancani?
Dhek semana aku tetep setya
Lan tetep nerima ta, Kangmas
Dereng nate gawe gela
Lan gawe kuciwa
Ning saiki, bareng mukti
Kowe kok njur malah lali marang aku?
Sithik-sithik mesthi nesu
Terus ngajak padu, ja ngono, aja ngono
Apa kowe pancen ra kelingan
Jamane dhek biyen ta, Kangmas?
Kowe janji, bungah-susah
Padha dilakoni
Ning saiki, bareng mukti
Kowe kok njur malah lali marang aku?
Sithik-sithik mesthi nesu
Terus ngajak padu, ja ngono, aja ngono
Apa kowe pancen ra kelingan
Jamane dhek biyen ta, Kangmas?
Kowe janji, bungah-susah
Padha dilakoni