Elige una pista para reproducir
Aja sok gampang janji, Wong Manis
Yen ta, amung lamis
Becik aluwung prasaja, Kangmas
Ora agawe cuwa
Tansah ngugemi tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur
Ing mangsa ketiga
Aku iki prasasat lara
Tan antuk jampi
Mbok aja amung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidhis
Akeh tuladha kang dhemen cidra
Uripe rekasa
Milih sawiji endi kang suci
Tanggung bisa mukti
Aja sok gampang janji, Wong Manis
Yen ta, amung lamis
Becik aluwung prasaja, Kangmas
Ora agawe cuwa
Tansah ngugemi janjimu wingi
Jebul amung lamis
Kaya ngenteni thukuling jamur
Ing mangsa ketiga
Aku iki prasasat lara
Tan antuk jampi
Mbok aja amung lamis
Kang uwis dadine banjur dhidhis
Akeh tuladha kang dhemen cidra
Uripe rekasa
Milih sawiji endi kang suci
Tanggung bisa mukti