Elige una pista para reproducir
Tak eling-eling
Apa sliramu sing nate ketemu
Ing nalika iku?
Candhik ayu sumunar netramu
Sore kang edi
Amung esemmu sing ora nguwati
Nadyan widadari
Kalah endah anyengsemke ati
Semar sabrang
Legog-legog ning omah, bingung
Jae wana sakupama wiwit iku
Atiku poyang-payingan (hak e)
Tak eling-eling
Pancen sliramu sing marah-marahi
Mbesuk kapan aku
Bisa nyandhing lintang panjerina
Semar sabrang
Legog-legog ning omah, bingung
Jae wana sakupama wiwit iku
Atiku poyang-payingan
Tak eling-eling
Pancen sliramu sing marah-marahi
Mbesuk kapan aku
Bisa nyandhing lintang panjerina