Оберіть трек для відтворення
Mbiyen omahku gedheg
Trocoh yen udan bledheg
Bapak kerja yen mung ana proyek
Mbiyen durung kramikan
Arep turu, adhem kanginan
Penting saben dina isa mangan
Saiki aku wis gedhe
Isa golek dhuwit dhewe
Senajan mbiyen mung isa
Nyusahke Pake, Bue
Ngapurane, saiki aku wis kerja
Senajan uripku rekasa
Ikhlas bekti kanggo keluwarga
Aku iki anak lanang
Kerjaku mung turut dalan
Muga isa
Mulyakke drajate keluwarga
Pake, Bue, rekasane
Ngrawat aku nganti gedhe
Cen kathah luputku
Kula nyuwun pangestu
Mbiyen durung kramikan
Arep turu, adhem kanginan
Penting saben dina isa mangan
Saiki aku wis gedhe
Isa golek dhuwit dhewe
Senajan mbiyen mung isa
Nyusahke Pake, Bue
Ngapurane, saiki aku wis kerja
Senajan uripku rekasa
Ikhlas bekti kanggo keluwarga
Aku iki anak lanang
Kerjaku mung turut dalan
Muga isa
Mulyakke drajate keluwarga
Pake, Bue, rekasane
Ngrawat aku nganti gedhe
Cen kathah luputku
Kula nyuwun pangestu
Cen kathah luputku
Kula nyuwun pangestu
Kathah klenta-klentu
Kula nyuwun donga restu
Mbiyen pedhot sekolah
Merga kahanane susah
Weling Bapak, dadi wong sing genah