Оберіть трек для відтворення

Biyen omahku gedheg
Trocoh yen udan bledheg
Bapak kerja yen mung ana proyek
Biyen durung kramikan
Arep turu adhem kanginan
Penting saben dina isa mangan
Saiki aku wis gedhe
Isa golek dhuwit dhewe
Senajan biyen mung isa nyusahke
Pake, Buke, ngapurane
Saiki aku wis kerja
Senajan uripku rekasa
Ikhlas bekti kanggo keluarga
Hu-uh, aku iki anak lanang
Kerjaku mung turut dalan
Muga isa mulyakke drajate keluarga
Pake, Bue, rekasane
Ngrawat aku nganti gedhe
Cen kathah luputku
Kula nyuwun pangestu
Saiki aku wis gedhe
Isa golek dhuwit dhewe
Senajan biyen mung isa nyusahke
Pake, Buke, ngapurane
Saiki aku wis kerja
Senajan uripku rekasa
Ikhlas bekti kanggo keluarga
Aku iki anak lanang
Kerjaku mung turut dalan
Muga isa mulyakke drajate keluarga
Pake, Bue, rekasane
Ngrawat aku nganti gedhe
Cen kathah luputku
Kula nyuwun pangestu
Cen kathah luputku
Kula nyuwun pangestu
Kathah klenta-klentu
Kula nyuwun donga restu
Biyen pedhot sekolah
Merga kahanane susah
Weling Bapak dadi wong sing genah